0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
466 tayangan16 halaman

Bahada Jawa

Upacara adat Tedhak Siten diselenggarakan untuk anak berumur 7-8 bulan/tahun sebagai peralihan menuju dewasa dan mengenalkan anak pada Bathara Kala. Upacara ini dilakukan dengan berbagai simbol seperti kurungan, jenang warna, dan pembagian makanan kepada tamu. Harapannya anak dapat menjalani kehidupan dengan baik dan membanggakan orang tua.

Diunggah oleh

22 muhammad ardhi
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PPTX, PDF, TXT atau baca online di Scribd
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
466 tayangan16 halaman

Bahada Jawa

Upacara adat Tedhak Siten diselenggarakan untuk anak berumur 7-8 bulan/tahun sebagai peralihan menuju dewasa dan mengenalkan anak pada Bathara Kala. Upacara ini dilakukan dengan berbagai simbol seperti kurungan, jenang warna, dan pembagian makanan kepada tamu. Harapannya anak dapat menjalani kehidupan dengan baik dan membanggakan orang tua.

Diunggah oleh

22 muhammad ardhi
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai PPTX, PDF, TXT atau baca online di Scribd

TEDHAK SITEN

Nama Kelompok:
1. Alfian Nalda Abidin (01)
2. Devi Puspitasari (05)
3. Diva Faradila Ayu A. (06)
4. Indriana Sulistyo Rini (13)
5. Muhammad Ardhi P. (22)
6. Nanda Bunga Adelia (23)
7. Putri Adelia Ananta (25)
8. Ratna Tiara Fitriani (26)
PANGERTEN
Tedhaksiten utawa tedhak siti iku salah siji
upacara Adat Jawa kanggo bocah umur 7
wulan utawa 6 lapan. Upacara iki ing dhaerah
liyaing Nuswantara ugaana, contone sing
diarani upacara injaktanah ing dhaerah Jakarta
dening suku Betawi utawa uga ana sing
ngarani “mudhunlemah” lan “udhun-
udhunan”. Tedhak siten iku asale saka
tembung tedhak, idhak utawa mudhun lan
siten (saka tembung siti) utawa lemah (bumi).
Upacara iki kanggo parlambang bocah sing siap-
siap njalani urip liwat tuntunan wongtuwa lan
diselenggarakakeyen umur bocah wis 7
selapan utawa 245 dina (7*35=245). Upacar
Tedhak siten dianakake amarga ana kapitayan
masyarakat Jawa yen lemah kuwi nduweni
makna ghoib lan dijaga Bathara Kala. Kanggo
ngindari kadadeyan sing ora becik, mula
dianakake upacara ngenalake putra-putrine
marang Bathara Kala minangka sing njaga
lemah. Anggone nglakoni upacara iki, luwih
becik miturut weton.
UMBARAMPE
Ubarampe kanggo upacara tedhak sitem akeh, kayata :
1. Pengaron sing diisi kembang setaman.
2. Kurungan, kanggo nggambarake yen donyane ana kisih
sithik utawa ciut.
3. Werna-werna barang sing diselehake sajroning kurungan
kang nggambarake suwene urip, manungsa duwe
kewajiban nggolek “nafkah”, kayata :
- pari sak pangket
- Kapuk sak bangket
- Piranti nulis
- Bokor kang diisi beras kuning
- Werna-werna jinis dhuwit
- Perhiasan
4. Klasa sing isih anyar, kanggo lemek ning jeroning
kurungan.
5. Udik-udik utawi duit logam dipuncampur
kembang.
6. Tangga tebu “arjuna”, yaiku tebu seng wernane
ungu kang nggambarake undhak-undhakane urip
sing arep dilakoni anak.
7. Jadah pitung werna, yaiku abang, putih, ireng,
kuning, biru, ungu, lan jambon. Tegese kanggo
ngemutake anak yen urip kudu waspada saka
godaan werna-werna.
8. bancakan, kayatasega gudhangan sing dibagekake
marang para tamu sing teka.
TATA CARA TEDHAK SITEN
1. Ingkang kapisan: bocah dituntun mlaku maju lan
ngidhak jenang 7 werna ingkang kagawe saking ketan.
Wernawernaneyaiku:
- Merah Muda: kelembutan hati
- Merah: keberanian
- Hijau: kehidupan
- Kuning: bersinar
- Ungu: keluhuran budi
- Hitam: keabadian
Punika perlambang bocah saged ngliwati
tantanganing uripipun. Lan saged urip kacukupan.
2. Ingkang kaping pindho : bocah dituntun
munggah andha ingkang kagawe saking wit
tebu Arjuna lajeng mudhun maneh. Tebu
saking ukara “antebing kalbu” inggih
tegesipun yaiku teka dati ingkang mantep.
Tebu Arjuna nglambangaken supados bocah
saged lelakon kaya Arjuna, ingkang nduweni
watak satria lan nduweni tanggung jawab.
Lelakonipun apik lan seneng tetulung, mbela
kabeneran, lan bakti kaliyan Negara.
3. Ketiga yaiku bocah dituntun kangge mlaku ing
pasir. Bocah punika nyeker-nyeker pasir,
ingkang nduweni teges enggolek pangan.
Karepe bocah saged nyukupi keperluane
dhewe menawi sampun gedhe.
4. Ingkang kaping sekawan : bocah dipun
lebetaken dhateng kurungan ingkang digawe
apik lan ing njerone wonten akeh bandha-
bandha kaya buku, hp, lst. Menawa bocah
njipuk buku, bocah kuwi mbok menawa arep
dadi ilmuwan, menawa hp, bocah kuwi mbok
menawa arep dadi tehnisi.
Kurungan ngelambanga kendonya, dadi
dikarepke bocah kuwi mlebu donya lan ing
njero uripe saget kacukupan awit saking
pakaryane ingkang sampun dipilih saking cilik.
5. Ingkang kaping lima : bapak lan simbah bocah
nyebar udik-udik utawi duit logam
dipuncampur kembang. Karepe supaya
sibocah nalika dewasa saged dadi bocah
ingkang dermawan lan seneng tetulung.
Amarga seneng menehi lan seneng tetulung,
dheweke gampang nggolek rejeki.
6. Ingkang kaping enem yaiku bocah wau
diadusi ngangge banyu sritaman ingkang
sampun dicampur kembang-kembang
(melathi, mawar, kenanga, lan kathil).
7. Kapitu : ing pungkasan upacara, bocah
didandani ngangem klambi resik lan apik.
Karepe supados sibocah nduweni dalan urep
ingkang apik lan saged agawe seneng
kaluwargane.
Punika karepe ing uripnipun, bocah punika
saged arum jenenge lan saged ngarumaken
jeneng kaluwargane.
Sawise tedhak siten rampung, kaluwarga seneng
lan ngarep-arep Gusthi menehi rahmatnipun
supados tujuan upacara saged kadadeyan. Lan
bibar punika, para tamu saged dhahar
panganan ingkang wonten.

Anda mungkin juga menyukai