SANDIWARA
Pengertian Sandiwara
Sandiwara yaiku nyetakake utawa maragake paraga ana ing sandiwara kuwi dhasare
numindakake utawa maragakake watak lan tindak-tanduk pawongan liya.
Unsur Intrinsik Sandiwara
Unsur-unsur ingkang kasusun ana ing njerone sandiwara yaiku:
a. Tema yaiku uderaning perkara kang arupa ide dhasar crita, tema sing dianggo
ana ing sandiwara dumadi saka bab-bab kerep diprangguli ana bebrayan.
b. Purusa/Paraga (tokoh) lan watake
– Purusa utama yaiku paraga kang paling akeh gegayutane karo paraga liya.
– Purusa pambiyatu yaiku parga kang mbiyatu paraga utama.
– Watakwatune yaiku ciri-ciri utawa karakter paraga.
c. Alur (dalaning crita) yaiku urut-urutan lakune crita.
d. Amanat yaiku pesen moral kang ana ing njerone crita.
e. Gaya bahasa yaiku tata cara panganggone basa kang bisa awujud dialek, tata
ukara lan majas.
Unsur Ekstrinsik Sandiwara
Unsur ekstrinsik sandiwara jawa yaiku unsur kang ana ing sakjabane karya sastra,
ananging unsur samenika gadahi pengaruh ing sistem organisme karya sastra.
Wujude Sandiwara
– Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa
paraga kang dibarengi salah bawa.
– Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging
boten wonten dialog namung wonten musik lan ekspresi saking rupane lakon.
– Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir
lan pungkasane seneng-seneng.
– Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi
(kontras).
Sandiwara kudu migatekake babagan ing ngoisor iki:
1. Nduweni kreasi nalikaning nindakake paraga
2. Maragakake kanthi wajar ora digawe-gawe
3. Paraga kang ditindhakake dipadhake kalawan tipe, gaya,34 jiwa lan
ancas pementasane.
4. Paraga kang ditindhakake nganggo periode wektu lan watak.
Cara ingkang bisa ditindhakake nalikaning dadi paraga ana sawenehing lakon
sandiwara:
1. Gladen olah watak
2. Gladen swara
3. Gladen observasi lan imajinasi
4. Gladen konsentrasi
5. Gladen teknik pementasan
6. Gladen sistem akting
7. Nglancarake keprigelan lan gladen