0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
427 tayangan5 halaman

Roro Jonggrang: Perang dan Candi Sejuta

1. Bandung Bondowoso dari Kerajaan Pengging menyerang Kerajaan Prambanan yang dipimpin Prabu Boko dan berhasil mengalahkannya. 2. Roro Jonggrang putri Prambanan menantang Bandung Bondowoso untuk membangun 1000 candi dalam waktu satu malam. 3. Bandung Bondowoso gagal membangun candi ke-1000 karena tipu muslihat Roro Jonggrang, sehingga Roro Jonggrang tidak jadi menjadi istrinya.
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai DOCX, PDF, TXT atau baca online di Scribd
0% menganggap dokumen ini bermanfaat (0 suara)
427 tayangan5 halaman

Roro Jonggrang: Perang dan Candi Sejuta

1. Bandung Bondowoso dari Kerajaan Pengging menyerang Kerajaan Prambanan yang dipimpin Prabu Boko dan berhasil mengalahkannya. 2. Roro Jonggrang putri Prambanan menantang Bandung Bondowoso untuk membangun 1000 candi dalam waktu satu malam. 3. Bandung Bondowoso gagal membangun candi ke-1000 karena tipu muslihat Roro Jonggrang, sehingga Roro Jonggrang tidak jadi menjadi istrinya.
Hak Cipta
© © All Rights Reserved
Kami menangani hak cipta konten dengan serius. Jika Anda merasa konten ini milik Anda, ajukan klaim di sini.
Format Tersedia
Unduh sebagai DOCX, PDF, TXT atau baca online di Scribd

RORO JONGGRANG

BABAK 1 (Kerajaan Boko/Prambanan)


Ing jaman biyen ono kerajaan sing tentram, ono kerajaan sing kuat lan nduweni prajurit kang
gagah, desa sing tentram lan rakyate sing ramah dipimpin Prabu Boko pemimpin Kerajaan Prambanan,
dheweke kang duwe anak kang asmane Roro Jonggrang. Nanging, ing kerjaane yaiku kerajaan Pengging,
kang dipimpin dening Raja Pengging, nduweni watak ala, dheweke nduwe anak sing sakti mandraguna
yaiku Bandung Bandawasa. Dheweke diutus Raja Pengging naklukake Kerajaan Prambanan.

Adegan 1
Bandung Bondowoso nantang Prabu Boko.
Bandung Bondowoso : Hei Prabu Boko muduno!
Prabu Boko : Ono opo awakmu mrene ? Lek gelem ayo mlebu ing kerjaanku
Bandung Bondowoso : Wes rasah kakean omong ! awakmu bakalan mati ing tanganku, lan aku bakalan
nguasai Kerajaanmu.
Prabu Boko : Emban, tulong Jonggrang ajak en lungo soko kene, sak suwine peperangan sing
kelawan.
Mban : Sendiko Raja

Adegan 2
Bandung Bondowoso perang kaliyan Prabu Boko ing Kerajaan Boko/Prambanan.
Bandung Bondowoso : Prabu Boko, kematenmu arep cepet teka !
Prabu Boko : Ora bokmenawa, kowe aing arep mati dhisik ! Teempuuuhhh!
Bandung Bondowoso : Teempuuhhh !

BABAK 2
Adegan 3
Tanpa disangka Prabu Boko kalah ing medan pertempuran, warta iku sampek ing kupinge Putri
Jonggrang, akhire Putri Jonggrang mutusake balik dhateng Kerajaan Prambanan.

Roro Jonggrang : Biung emban, awak e dewe wes cukup adoh anggone keplayu, mulo leren sawatoro.
Emban : Sendiko Tuan Putri.
Adegan 4

Patih : Putri Jonggrang, Prabu Boko kalah ing medan pertempuran. Prabu Boko sampun sedo.
Roro Jonggrang : Opo?!, sopo sing wani nindhakake kuwi Patih .
Patih : Bandung Bondowoso saking Kerajaan Pengging.
Roro Jonggrang : Kurang ajar! Patih, ayo bali kanggo mertahanke Keraton Prambanan.
Patih : Inggih Putri.

BABAK 3 (Keraton Prambanan)

Adegan 5
Mban 1 : Kepriye rasane sing diadepi gusti Putri, wes keraton ambyar, Prabu boko kudu tiwas ing papan
laga.
Mban 2 : Pancen abot sing diadepi gusti Putri. Tapi arep piye maneh.
Mban 1 : Lamboh…aku yo mek pengen nyawang eseme gusti Putri. Jarene kang Supri…
Mban 2 : Kang Supri, sing bakul wedak iku?
Mban 1 : Iyo
Mban 2 : Jarene kang Supri piye?
Mban 1 : Kang Supri dawuh ing Keraton Prambanan iki. Sing nduweni esem legiiiii banget, sing kapisan
yo gusti Putri Roro Jonggrang.
Mban 2 : Terus sing keloro
Mban 1 : Jarene siiii, jarene kang supri lho ya
Mban 2 : Iyo sopo?
Mban 1 : Wong kapindo sing nduweni esem legi….yo aku dewe lho
Mban 2 : Hoalaaa…mbok ya ngaca, rumangsamu kowe ikilo sopo, ngomong asal njeplak wae.
Mban 1 : Pambisone uwong kan bedo-bedo to budhe.
Mban 2 : Wes, wes. Coba to saiki awake dhewe nemui gusti Putri lan coba nyenengake.
Mban 1 : Njeeeehhhh

Adegan 6
Roro Jonggrang : Sopo sing gak sedih biyung. Nagari kita dikuwasai musuh. Bopo ku, Prabu Boko uga
seda. Kepriye nasibe rakyat Prambanan iki biyung? Kepriye?
Mban 2 : Nyuwun sewu gusti Putri, kepareng matur menawi lepat nyuwun ngapunten.
Roro Jonggrang ; Arep matur opo biyung emban.
Mban 2 : Pancen sega wes dadi bubur. Nagari kita sampun dikuwasai mungsuh kang dipimpin kaliyan
Bandung Bondowoso.
Roro Jonggrang; Inggih biyung, sabenere kula nggih penasaran kalih kang asmane kesatriya saka
Pengging Bandung Bondowoso iku. Apa biyung lan emban ngerti?
Emban 2 : nggih mestine, gusti Bandung Bondowoso iku ganteng lan gagah prakosa.
Roro Jonggrang : Sanajan ganteng biyung, dheweke sampun njalari bopoku seda, aku ora gelem biyung.

BABAK 4 (Kerajaan Boko)


Bandung Bondowoso rawuh ing kerajaan Ratu Boko nyedhaki Roro Jonggrang. Nanging, Gusti Putri Roro
Jonggrang mboten ngerti yen kui sing asmane Bandung Bondowoso.

Adegan 7
Bandung Bondowoso : Wahai Gusti Putri kaya Dewi Sinta, kepareng asma sapa?
Mban 2 : Nami kula…
Bandung Bondowoso : Guduk awakmu seng tak takoni, menengo! Sinten?
Roro Jonggrang : kula Putri kedaton ing tlatah Prambanan iki. Nami kula Roro Jonggrang. Lho saktemene
njenengan niku sinten?
Bandung Bondowoso : Kula pangeran kedaton Pengging, Bandung Bondowoso.
Roro Jonggrang : Apa? Dadi awakmu kang jenenge Bandung Bondowoso?
Bandung Bondowoso : Inggih, Putri.
Roro Jonggrang : Dadi kowe sing nyebabake bopoku seda.
Bandung Bondowoso : Bopomu pancen sampun seda. Nanging, ayo awakdhewe buka lembaran anyar
kanggo mbenahi kabeh iki.
Roro Jonggrang : Apa maksudmu Bandung?
Bandung Bondowoso : Kanggo kuwi kabeh, aku niat ndadekake awakmu dadi garwaku.
Roro Jonggrang : Aku ora isa langsung narimo panjenengan, Bandung. Aku nduweni dendam marang
awakmu.
Bandung Bondowoso : Sendiko dhawuh putri apa wae bakal taklakoni kanggo sliramu.
Roro Jonggrang : Gawekna aku sewu candi ing wektu sewengi. Apa awakmu sanggup, Bandung
Bondowoso?
Bandung Bondowoso : Aku sanggup Putri

BABAK 5
Bandung Bondowoso lan wadio bolo kang arupo jin mbangun panjalukane Roro Jonggrang kang dadi
syarat sing kudu dituntasake Bandung Bondowoso sajrone cukup wengi iku. Roro Jonggrang
merintahake supaya rakyate mbantu dheweke gawe unen unen saka lesung kanggo nggagalake usahane
Bandung Bondowoso. Saliyane ngunikake sworo lesung dheweke nyebarake wangi-wangian lan siasat
licik. Para prajurit Bandung Bondowoso kedadaran lan mlayu kocar-kacir.

Adegan 8
Roro Jonggrang : Biyung emban, emban mreneya!
Mban 1 lan Mban 2 : Wonten dhawuh, Gusti?
Roro Jonggrang : Iki sampun wancine tabuh piro?
Mban 2 : Sampun wanci, tabuh tiga.
Roro Jonggrang : Kepriye iki, Bandung Bondowoso iso nglaksanakake apa sing dadi panjalukku. Ngene
wae biyung emban, printahno rakyat Prambanan gawe nuthuk lesung supaya keraton iki kaya sampun
isuk.
Mban 2 : sendika dawuh ndoro putri.
Roro Jonggrang : ayo emban!

BABAK 6

Adegan 9
Sworo apa kae katon jago bodo kluruk…wadio bolo jinku padha keplayu kabeh (gumam Bandung
Bondowoso)
Bandung Bondowoso: Jonggrang, apa kang dadi panjalukmu wis tak pinangkani kepriye,Jonggrang?
Roro Jonggrang : Mengko disik Bandung, coba tak itunge wis jangkep sewu candi apa durung.
Bandung Bondowoso: Yamesti uwis sewu candi kang indah panjalukanmu wis tak pinangkani.
Roro Jonggrang : Mengko disik Bandung, coba tak itunge. Ayo Emban!
Roro Jonggrang akhire milang candi.
Roro Jonggrang : Lhoo.. Bandung, anggonmu nggawena aku candi mung 999. Kurang siji Bandung, aku
wegah dadi garwamu
Bandung Bondowoso : Awakmu licik Jonggrang. Awakmu kui kang dadi penjangkepe sewu candi
Jonggrang
Akhire Bandung Bondowoso isa nguwasani kerajaaan prambanan lan Roro Jonggrang

Anda mungkin juga menyukai